BIRO UMUM HUMAS & PROTOKOL

SEKRETARIAT DAERAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

S a b d â t â m â ADIC?R? SILATURAHIM & SAWALAN 1445 HIJRIYAH ABDI DAL?M NGAYOGY?KART? HADININGRAT

Assalamu’alaikum wr. wb.

Salam karaharjan mugâ tansah kasarirâ ing kita kabèh,

 

Kanjêng Gusti Pangèran Aryâ Adipati Paku Alam Kang Jumênêng Ka Sadâsâ lan pârâ Abdi Dalêm Ngayogyâkartâ Hadiningrat kang pinaringan rahmat Allah,

 

SUMANGGA kitâ munjukaké puji-sokur ing ngarsané Pangéran Kang Murbèng Dumadi awit wus kêrsâ paring bêrkah sâhâ rahmat, saénggâ kitâ bisa pêpanggihan ing Adicârâ Silaturahim lan Syawalan ing dinâ iki, kang satuhu mêngku wigati bangêt.

 

Idul Fitri, kang surasané dinâ kamênangan, anggon kitâ bisâ ambérat hâwâ nêpsu, kang ugâ atêgês miwiti urip bêbrayan énggal, kanthi pambukâ layaring agêsang. Ing dinâ kang fitri iki, kitâ kayadéné jabang bayi suci, kang lair mênèh ing alam ndonyâ kanthi pangucap “minal ‘aidin wal faizin”.

 

Têtêmbungan mau, sêjatiné ngêmu pandongâ kanggo kitâ, kang wus paripurnâ laku ngibadah pâsâ. Mulâ sâkâ iku, ’ied, ugâ bisâ atêgês bali mulih mring sucining dhiri kang fitri. Idul Fitri agawé ciptâ, râsâ lan karsâ dadi luwih wêning, kang mahanani luwih déning pêrmânâ, waskitâ, lan wicaksânâ anggon kitâ tumindak ing bêbrayan agung.

 

Bakdâ Idul Fitri iki, wis tibâ ing titi-wanci ngancik ing laku agêsang kang anyar, kanthi têtêp istiqamah ing fitrah. Lan ora ânâ mênèh kang gawé rusaking pasêduluran. Mulâ kitâ kudu bisâ “mangasah mingising budi”, mangasah gêtêring fitrah, kanthi taslim –manêmbah mring Gusti Allah Kang Murbèng Dumadi–lan kêbak ing râsâ-pangrâsâ pasêduluran antarané sêsami Abdi Dalêm. Kanthi Idul Fitri ugâ, ruwêting tali silaturahim kudu bisâ dèn udhari mênèh. Déné solidaritas ukhuwwah Islamiyah, kaangkah bisââ dadi panguaté sêmangat ukhuwwah wathaniyah. Lan sabanjuré karajut kang bisââ mahanani dadi rumakêting râsâ ukhuwwah insaniyah.



Kanjêng Gusti Paku Alam Ka Sadâsâ lan

pârâ Abdi Dalêm kang pinaringan rahmat Allah,

 

AL-QUR’AN, sejatiné dudu mung mligi buku aking tanpâ puisi kang kâyâ gêguritan Jawi, kang mahanani cèwèding ruhani, suwaliké mung kêbak kognisi,, ananging adoh sâkâ afeksi. Ing sajroning urip bêbrayan kang sarwâ instan ing wêktu iki, kitâ malah perlu ngurip-uripi puisi kang kêbak sanépâ karêbèn urip iki ora mung turah ukârâ lan pangucap kang agal. Yèn kitâ gêlêm nâmpâ Al-Qur’an, kâyâdéné puisi kang urip, tundhoné kuwawi nâmpâ Sabdâ Gusti Allah ora kâyâ dekrit, ananging ântâwacânâ utâwâ dialog. Ugâ dudu kâyâ intimidasi, ananging wêrdiné pawêdaran kidung asmârâdânâ.

 

Bakdâ mlêbuné agâmâ Islam ing Tanah Jâwâ, banjur nglahiraké kitab-kitab, antarané Suluk Sêlokâ, kang isiné kêbak ajaran lan tuntunan “Manunggaling kawulâ-Gusti”. Déné Kitab Wêdha-Mântrâ, amot ngèlmu kêbatinané Kanjêng Sunan Kalijâgâ. Ing bab “Masaalah Dhikir” ânâ èmpêré karo têmbang pop Islami, “Tâmbâ Ati”, anggitané Sunan Bonang. Déné bab “laku utâmâ” kapacak ing Sêrat Wulangrèh lan Wêdhâtâmâ bab patuladhané Panêmbahan Sénâpati.

 

Ing Wulangrèh kasêrat: “Tapané nganggo alingan, pan pâdhâ alaku tani, iku kang kinaryâ sasap, pamrihé âjâ kêtawis, jubriyâ lawan kibir, sumunggah ingkang dèn singkur, lan êndi kang kanggonan, Wahyu Kêraton Jawi, tinampèlan anggêpé pan kumawulâ”. Ukârâ kang kasêrat kanthi têmbang Sinom iki nêgêsake nalikâ njênjibahi “laku”, Sénâpati urip lumantar alaku-tani. Têgêsé, Sénâpati mèlu ngraosaké rêkasané uripé rakyat tênan, adoh sâkâ watêk sok-kuâsâ lan dur-angkârâ.

 

Saliyané iku, trilogiwiryâ-artâ-winasis” ing Wêdhâtâmâ kasêrat: “Bonggan kang tan mêrlokênâ, mungguh ugêring ngaurip, uripé lan tri prakârâ, wiryâ artâ tri winasis, kalamun kongsi sêpi, sâkâ wilangan têtêlu, têlas tilasing janmâ, aji godhong jati aking, têmah pâpâ papariman ngulandârâ”. Piwulang iku angkahé kanggo pârâ nom-noman, karêbèn antuk kinurmatan déning liyan, kudu cêkêl têlung prakârâ: wiryâ, artâ lan winasis, kang tinulad sâkâ wêwatêkané Sénâpati kang kumawulâ mau.

 

Sejatiné piwulang “wiryâ-artâ-winasis” iku dudu mung anggulâwêntah ing tâpâ-brâtâ lan laku-prihatin têrus. Sasanti “Tahta untuk Rakyat” kang tinulad sâkâ Swargi Sri Sultan Hamêngku Buwono IX, kênâ kanggo kâcâ-bênggâlâ kang nêgêsaké wêwatêkan kang pro-rakyat mau.






Kanjêng Gusti Paku Alam Ka Sadâsâ lan

pârâ Abdi Dalêm kang pinaringan rahmat Allah,

 

PAMUNDHUT Ingsun, supâyâ pârâ Abdi Dalêm Kaprajan lan Abdi Dalêm Punâkawan kang caos bêkti ing Karaton lan Pakualaman, tansah kudu nêngênaké watêk satuhuning Satriyâ kâyâ, kang bisâ tinulad sâkâ para lêluhur ing Mêtaram mau. Saliyané iku, ugâ wajib nguri-uri budâyâ Ngayogyâkartâ, luwih sâkâ wargâ liyané, amrih bisâ angrêmbâkâ lan rumasuk dadi laku utâmâ ing satêngahé bêbrayan agung.

 

Ingsun lan Kanjêng Gusti Paku Alam Ka Sadâsâ kagungan wajib angudi lan anglêluri dhawuh dalêm pârâ lêluhur Mêtaram, ndhèrèk pangandikané Wong Agung Ngèksigândâ, supâyâ bisâ wujudaké wêwarah adi: “amamangun karyénak tyasing sasâmâ” tumrap nagari sumrambahé kawulâ saindêngé prâjâ.

 

Lahir trusing batin Ingsun ugâ tansah ambudidâyâ, sagêdâ lêbdâ ing pangucap lan tumindak “satyâ-wacânâ” kanthi “saiyêg saékâ kapti” bêbarêngan kawulâ kabèh. Awit yèn wus kaèsthi, kanthi sêsanti “manunggaling kawulâ-Gusti” âpâ waé kang kasêdyâ bakal kasêmbadan.

 

Ingsun mundhut pandongâ sâkâ Abdi Dalêm Ngayogyâkartâ Hadiningrat ing ngarsané Gusti Allah Kang Mâhâ Amisésâ, amrih Ingsun lan Kanjêng Gusti tansah pinaringan kanugrahan séhat lahir-batin, lan ugâ tansah bisââ asipat bèr-budi bâwâ-lêksânâ mujudaké sêjatining masarakat kang istimewa tumuju karaharjaning kawulâ. Mugâ Gusti Allah SWT. kêrsââ paring bêrkah lan rahmat sumrambahing pârâ Abdi Dalêm Ngayogyâkartâ Hadiningrat.

 

Minângkâ pamungkasing dhawuh, Ingsun ngaturaké: “Sugêng Riyadi ing sasi Sawal 1445 Hijriyah iki, Minal Aidin Wal Faizin, Ingsun mundut pangapurâ yèn ânâ klèra-klèruning tumanduk lan tumindak anggon Ingsun ngêsuhi pârâ Abdi Dalêm”.

 

Wasânâ Ingsun ugâ kêrsâ paring atur panuwun.

Wassalamu’alaikum wr. Wb.



Ngayogyâkartâ, suryâ kaping 7 Mei 2024

Bangsal Kepatihan,




HAMÊNGKU BUWONO X