BIRO UMUM HUMAS & PROTOKOL

SEKRETARIAT DAERAH DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA

S a b d â t â m â PAHARGYAN TANGGAP WARS KABUPATÈN SLÈMAN KAPING-108

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Mugi rahayu ingkang pinanggih,

 

Pârâ Pangagênging Prâjâ lan

sadâyâ Wargâ ing Kabupatèn Slèman,




SUMÂNGGÂ kitâ sadâyâ tansah mêmuji ing ngarsaning Gusti Allah SWT., mugi kitâ sadâyâ angsal paring Dalêm bêrkah sâhâ idi-pangèstu sagêdâ kalis ing rubédâ anggèn kitâ angayah-ayahi amanah ing masyarakat lan wajibing nagari.



Samantên ugi tumraping adicârâ Pahargyan Tanggap Warsâ Kabupatèn Slèman ingkang Kaping-108 dintên punikâ, mugi sagêdâ rancak ing tumindak kanthi khidmat nir sambékâlâ.

 

Mênawi ing dintên puniki ugi katândhâ déning kirabing pusâkâ tumbak Kanjêng Kyai Turunsih, punikâ saèstu gumati kanggé Pangagênging Prâjâ sumrambahing pârâ kawulâ. Awit Kanjêng Kyai Turunsih ugi anggadhahi dâyâ kekiyatan mring laku ambêg pârâmartâ.

 

Kawulâ, ingkang wujud manungsâ, tansah sumuyud lan manêmbah ing ngarsaning Gusti Allah Kang Murbèng Dumadi. Lan kawulâ, ingkang dumadi Rakyat, tansah angsal pangayom lan ugi pangayêm saking Pangêmbating Nagari. Inggih punikâ Pêmimpin ingkang sampun sagêd angrasuk pambudining Risang Arjunâ, manjing ajur-ajèr manunggal ing satêlênging bêbrayan agêsang ing masyarakat.



Pârâ Pangagênging Prâjâ lan

sadâyâ Wargâ ing Kabupatèn Slèman,

 

SADÂYÂ kâlâwau kados laras kaliyan filosofi Ngayogyâkârtâ “hamêmayu-hayuning bawânâ” ingkang anyandang darmaning manungsâ: “Tri Satyâ Brâtâ”, kang sêjatiné sâkâ  wêwarah agung tilarané Sultan Agung Hanyâkrâkusumâ, “mangasah-mingising budi, mêmasuh-malaning bumi, mêmayu-hayuning bawânâ”.

 

Sêpisan, “rahayuning bawânâ kapurbâ waskitaning manungsâ”, kaping kalih, “darmaning manungsâ mahanani rahayuning nagârâ”, lan kaping tigâ, “rahayuning manungsâ dumadi sayêkti karânâ râsâ kamanungsaning sarirâ piyambak”.

 

Pramilâ pusâkâ agung paring dalêm Karaton Ngayogyâkartâ Hadiningrat lajêng kakirabakên, supados masyarakat mangêrtosi yèn tâ Bupati sa-andhahanipun sampun ambudidâyâ amrih sadâyâ pangangkah sagêdâ kasêmbadan kanthi ridhâning Allah SWT.

 

Mugi Gusti Allah Ingkang Mâhâ Agung kêrsâ ngijabahi sadâyâ ingkang sinêdyâ kanthi pambudidâyâ, lan ugi kersââ paring pitêdah margi ingkang lêrês anggèn kita gumrégah, gumrêgêt lan gumrêgut-sêngkud makarti tumuju karahayoning masyarakat, bângsâ lan nagari.



Wâsânâ, Ingsun tumut “Mangayubâgyâ Tanggap Warsâ Kabupatèn Slèman Kaping-108” ingkang pinèngêtan ing dintên punikâ, lan mugi rahayu kang pinanggih, sumrambahnâ dumugi kawulâ wargâ masyarakat Slèman sadâyâ.

 

Nuwun, lan matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Sleman, 15 Mèi 2024

 

GUBERNUR

DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA,




HAMENGKU BUWONO X